Apa kang ana ing pikiranmu nalika kowe krungu tembung “Basa Jawa?”, mesthi kabeh wong Jawa nduweni pamanggih kang beda-beda ngenani tembung kuwi. Ana kang seneng lan ana uga kang ora seneng karo Basa Jawa. Apa maneh kaya-kayane Basa Jawa saiki wes kalah karo Basa Indonesia, wis akeh banget buktine kayata: bocah-bocah cilik jaman saiki diwarahi ngomong nganggo Basa Indonesia marang wong tuwane kuwi sing marakake bocah-bocah saiki akeh sing ora padha mudheng lan ora seneng karo piwulangan Basa Jawa kang ana ing sekolahan.
Amarga panjaluke masyarakat Jawa, saiki kurikulum Basa Jawa ora mung ana ing SD lan SMP thok, ananging saiki SMA bae wis mlebu nang SMA. Karepe masyarakat Jawa, bocah-bocah Jawa iki padha bisa ngomong kanthi nganggo unggah-ungguh basa Jawa sing apik. Nah saka panjaluke masyarakat Jawa kuwi, saengga Universitas-universitas sing ana ing wilayah Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta padha mbukak jurusan Pendidikan Basa Jawa gedhen-gedhenan. Kuwi sing ndadekake aku njupuk jurusan kuwi ana ing UNNES.
Kasunyatane sing ana saiki, bocah-bocah SD dumugi SMA akeh sing ora padha seneng karo piwulangan Basa Jawa amarga ngrasa kangelan. Aku malah tahu takon karo adhiku sing isih kelas siji SMP ngene: “ dhek, kowe seneng karo piwulangan Basa Jawa?”. Dheweke njawabe malah ngene: “ ora mbak, Basa Jawa kuwi angel, apa maneh sing babagan nulis aksara Jawa karo tembang. Huh, angele pol mbak, kanca-kancaku bae ya akeh banget sing sebel karo piwulangan Basa Jawa.”
Ngerti jawabane adhiku ngono aku banjur ngrasa pesimis karo awakku dhewe amarga aku njupuk kuliah Basa Jawa, apa yen aku wis lulus aku bisa mulang Basa Jawa kang bisa gawe bocah-bocah sing dakwulang seneng karo piwulangan Basa Jawa.
Piwulangan Basa Jawa kuwi sakjane piwulangan kang gampang yen bocah-bocah ngrasa bungah lan seneng nalikane diwulang Basa Jawa, nah kuwi modhal utamane wong sinau Basa Jawa. Aku pengin dadi guru Basa Jawa kang bisa gawe bocah ngrasa kepenak nalikane dakwulang Basa Jawa. Miturutku, piwulangan Basa Jawa kuwi bisa dadi salah sijine piwulangan kang disenengi marang bocah-bocah yen guru Basa Jawane dhewe uga seneng karo Basa Jawa. Sakliyane kuwi, guru-guru Basa Jawa uga ora ketinggalan jaman utawa bisa ngerteni majune teknologi-teknologi kang ana saiki kayata internet, computer, LCD, Laptop, OHP lan piranti-piranti kang canggih liyane bisa didadekake alat utawa media kanggo mulang Basa Jawa ben murid-muride ngrasa yen Basa Jawa kuwi dudu piwulangan sing kuno nanging uga bisa dadi piwulangan kang bisa modern kaya piwulangan-piwulangan sakilayane Basa Jawa.
Miturut aku dhewe, dadi guru Basa Jawa kuwi pancen angel, nanging yen awake dhewe gelem ginau sing tememen mesthi bakale bisa dadi guru Basa Jawa sing disenengi marang murid-muride. Sakdurunge mulang Basa Jawa kuwi bener-bener kudu dipikir apa pokok materi sing garep diwulangake marang murid-murid yakuwi gawe RPP kang bener-bener bisa gawe murid-murid mudheng karo apa sing diwulangake.
Guru kudu gawe RPP kang sempurna, lan miturut aku dhewe RPP kang sempurna kuwi kudu anduweni kriteria-kriteria kaya ing ngisor iki:
1. Alokasi wektune kudu bener-bener diperitungake
2. Penekanan apa sing bakal diwulangake, apa maca, nulis, wicara, utawa ngrungokake
3. Nganggo apersepsi sing bisa nyenengake murid lan gawe murid mudheng karo apa sing garep diwulangake mengko
4. Penugasan sing gawe murid aktif misale gawe media kayata nganggo kartu data, gambar, laptop, CD rekaman, OHP, Internet, lan liya-liyane sing kira-kira ora ketinggalan jaman.
Guru olehe menehi piwulangan ora kudu nganggo LKS kang ana saiki amarga LKS kuwi malah bisa gawe muride tambah bingung. Kudune dadi guru kuwi malah bisa gawe buku piwulangan dhewe amarga guru kuwi luwih ngerti kira-kira piwulangan sing kepriye sing bisa gawe muride mudheng karo piwulangane kuwi.
Anane media-media utawa piranti-piranti kang luwih modern bisa ndadekake murid-murid ngrasa seneng sinau Basa Jawa. Guru uga kudu bisa gawe muride ngrasa butuh karo Basa Jawa, Basa Jawa kuwi kudu ora ilang utawa kalah karo basa-basa liyane saka kapribadene murid-murid. Guru Basa Jawa uga kudu bisa ngelingake marang muride yen urip ing masyarakat Jawa kuwi kudu duwe tata karma marang wong kang luwih tuwa, saka kuwi mengko mesthi murid-murid bakale ngelingi yen dheweke butuh karo Basa Jawa, nek ora kaya mangkana kuwi dhewke bakale isin lan wiring urip ing masyarakat Jawa mergane ora bisa nganggo unggah-ungguh basa Jawa kang bener. Murid kuwi ora kudu pinter nembang Jawa lan nulis Jawa, nanging sing paling penting yakuwi murid-murid mengko kudu bisa ngomong karo wong kanthi unggah-ungguh kang bener.
Guru-guru Basa Jawa saiki muga-muga bisa mulang Basa Jawa sing mengko bisa ndadekake piwulangan Basa Jawa disenengi marang muride. Ora mung kuwi thok, akeh banget sing kudu dilakoni marang guru Basa Jawa anggone mulang, guru Basa Jawa uga kudu bisa dadi guru sing kreatif kang bisa nggawe media-media utawa piranti-piranti kang kira-kira disenengi marang murid-muride. Guru manut uga ora kudu manut karo Kurikulum sing ana, sing penting murid kuwi bisa nuntaske dheweke ana ing patang criteria yakuwi maca, nulis, wicara, lan ngrungokke.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar